Kamis, 04 September 2014

Wayang kendeng

WAYANG KENDENG

NASKAH : CUNDUK MERAH PUTIH
ACARA    : HUT RI 17 AGUSTUS
LOKASI   : GUNUNG BOKONG, KADIWONO, REMBANG
DALANG : KUSMEN NUSANTARA
SINDEN    : KASMURI NEGARA
INSTALASI PANGGUNG : TEAM SUKU NDALU
EDITING VIDEO :a.h SUKU NDALU
KAMERAMEN : ali nopet,suwater,suwanduk,supion SUKU NDALU
sound : susilo SUKU NDALU

VIDEO VIA YOUTUBE : http://www.youtube.com/watch?v=AY8LTny5syY


        Cundukan ibu-ibu Rembang agustus 2014

limbuk                       : yong biyong jebule iki wis agustus yo..
biyung           : yo nduk,, lha ono opo dengaren kok takon sasi..
limbuk           : lha hyo agustus ki rak sasi bersejarah, merdikane bongso Indonesia  sasi agustus    tahun 1945 to yong,,
biyung           : lha hyo ..terus ngopo kok mbok takoke nduk..
limbuk           : lha hiyo bareng tak etang etung olehku manggon ning gunung bokong merjuangno anak putu jebule wis 2 sasi luwih, kiro-kiro agustus iki iso rampung , alat-alat berat iso lungo teko gunung bokong kene ora yo yong..
biyung           : halah mboh , aku yo bingung dewe,,, nduk
limbuk           : walah yong yong nek di takoni kok malah balek takon,, yowis nek ijir yo gak rampung-rampung,,
                        : ngene lho nduk ,iki sasi agustus rak sasi bersejarah , sasi sing di peringati setiap tahun , mergo masyarakat Indonesia iso ngrebut kamardikane kuwi naliko tanggal 17 agustus  tahun 1945. Tapi koyo awake dewe iki sing manggon ning gunung bokong iki opo yo wis iso ngkrasake sing jenenge merdiko opo durung nduk? Terus nganti kapan awake dewe iso ngundurke alat-alat berate pabrik semen kuwi nduk?
limbuk           : bener kandamu yong. nek agustus ki wong sak Indonesia podo peringati hari kamardikan, tapi kemerdekaan sing dirasake wong cilek ki perlu di renungke meneh, ndisek jaman Bung Karno dadi presiden ki mergo berjuang.. lha saiki dadi pemimpin ki mergo pinter le apus-apus ..
                        : opo yo bener koyok ngunu kuwi sejarahe nusantoro
biyung           : lha yo nyatane ngono nduk,,
limbuk           :lha kudune piye yong,,
biyung           : ngene aku usul nek menowo mathuk, piye nek awake dewe dho ngkrenungke bareng-bareng bab kamardikan sing durung biso di rasake wong cilik kanti lahir batin iki .. mardikan kanggo nusantoro, mardikan nyawiji neng sak jerone ati, mardikan kanggo seimbange alam
Ilimbuk          : aku mathuk yong
                        :
                        :
                        : terus piye yong ben do semangat, aku tak opyak-opyak dulur-dulur di jak bareng gawe renungan..  hening sak jerone ati, landep sak jerone roso, nyawiji dadi siji, mugo iso  tatag , teteg, tutug,,
tatag marang laku, teteg marang ati lan tutug marang kekarepan , karep saimbang neng alam, dadi panutan marang lian,
sukinah         : mergo sing ning gunung bokong akeh ibu-ibune yuk podo  nancepke cunduk  abang putih ning gelungane dewe-dewe, cunduk abang puteh seng dadi simbule nusantoro,
ibu                  : yo yong dulur-dulur tak opyakane ben iso podo cundukan abang putih bareng-bareng..
biyung           : sek sek nduk!!  iki kudu ono kaitane perjuangane Bung Karno lho..gendero merah putih kudu di kibarke jrone pengetan dino kemerdekaan lho, iki penting mergo saiki akeh gendero-genderone wong monco pengin dikibarno ning bumi   Indonesia  ,, buktine kekayaan – kekayaan bumi Indonesia sing di jupuki karo luar negeri iku podo karo luar negeri nancepke genderane ning bumi Indonesia nduk,,
limbok           : wah yo pancen bener yong.. Bung Karno tau kondo  lemah lemahe rakyat, sepur sepure rakyat, alas alase rakyat, lha malah pemimpin saiki dho ngklaleke sejarah , lemah alas do dipentingke kanggo kapitalis.. malah podo nyepeleke dasar negarane , Pancasila malah do pancal-pancalan.,, yong cobo aku tembangno seng dadi paugerane jowo seng iso nyawiji karo nusantoro,  nyawiji kamardikan gotong royong, nyawiji tekad dadi siji,,  ugo iso nentremke atiku lan dulur2 liane,,,
tembang       : Kadingin manungso cokro..
                        Rarasipun rumingsih lurung aseh
                        Pamikir guraito Guntur
                        Dinarbe karang dowo
                        Gelur selur tlatahnyo sanget sayuk
                        Pamilihipun pro konco
                        Musyawarah runtut sami
 Iki mau tembang supoyo dulur dulur iso rukun, iso musyawarah nek ngadepi pengusaha lan penguoso nduk,,,
Tembang      : Kumlebeting sang dwi warno
                        Tumancep neng gelungane ibu bumi
                        Rino wengi tansah kukuh
                        Ngalelo tanpo netro
                        Cunduk abang putih iku kang saktuhu
                        Kinaryo pangiketing bongso
                        Mugo bisuo lestari
sapa sing isih nduwe sangu gula kelapa? Yen gaweane mung numpuk banda? Yen gaweane meres tenaga buruhe? Yen gaweane mateni wong tani? Yen gaweyane nelayan-nelayan uripe di jarake dha kelepan lan kelepyan? Yen gaweyane gawe sekarate uripe rakyat? Sapa sing isih sangu gula kelapa? Yen dadi pejabat gaweyane mung ngapusi rakyat? Yen dadi penguasa kelakuane mung adigung adiguna? Yen dadi aparat ora ngayomi rakyat ning malah meden-medenni rakyat? Sapa sing isih ndue sangu gula kelapa? Yen gaweane senenge ngapusi lan korupsi?yen gaweyane mung ngrusaki bumi pertiwi? Sapa sing isih sangu gula kelapa? Gula getih, klopo putihe balunge getih. Nyawidji dadi siji, niatan suci mardikake bumi pertiwi. Sirna sing ora nduwe sangu gula kelapa! Ilang yen gula kelapa ora dadi piwulang! Keterak jaman yen gula kelapa ora dadi paugeran! Sirna ilang keterak jaman yen gula kelapa ora dadi cekelan!
: sarehne cunduk  abang putih wis tumancep tetek ning gelungane pro ibu.. asal usul abang lan putih soko bopo lan ibu mulo ayo di teruske  kewanen lan kesucian iki..






Tidak ada komentar:

Posting Komentar